Sabtu, 12 Januari 2013

Nama wayang

Wayang ing tanah Jawa

  • Wayang Bèbèr [2]yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran).[3] Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh.[3] Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait.[3] Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.[4] Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.[4] Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.[4]
  • Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an.[3] Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.[3]
Dhèwèkè menehi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umurè nganti 100 taun, dhèwèkè bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahè digawè dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepèling-pèling kang manfaati tumrap uripè manungsa."[6]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar